Senin, 23 Februari 2015

Jaman Iseh SMP, "Bayar SPP"

Iki cerito jaman semono. Jamane aku iseh SMP. Wektu kuwi pas istirahat aku karo konco ku meh bayar SPP. Tekan ruang TU aku karo konco ku clingak-clinguk koyo wong ilang, goleki panggonan Karyawan TU seng bagian pembayaran SPP. Radi sue goleki, e malah eneng seng getak ko buri.
"Hayo, do arep ngopo ki?"
Jebule seng getak kuwi karyawan seng tak goleki.

"Ajeng bayar SPP, pak!" jawabku.

"Oooo, gowo rene kertune!"

"Artone pak?"

"Yo, sisan to yo..! Kalih opo ki?"

"Sampun pak, namung niku"

"Kalih opo?" takon meneh.

"Sampun pak, namung SPP mawon"

"Loro opooo?" takon meneh nganggo anyel sitik.

Karo prengas-prenges, aku jawab "Kalih F, pak"

Iki, Critaku Endi Critamu...?!

Jumat, 06 Februari 2015

Contoh Surat Lelayu Bahasa Jawa

Katur dumateng
Bp/Ibu/Sdr.
Ing

LELAYU
INNA LILLAHI WA INNA ILAIHI ROJIUN

Sampun katimbalan marak sowan dhumateng Pangayunganipun Allah SWT, jalaran gerah sakwetawis wekdal, Almarhum :

Bp. Fulan Bin Adam
Dumugi yuswo 63 tahun

Rikolo dinten                    : Kamis Kliwon
Suryo                                 : 1 Januari 2015
Wanci tabuh                      : 00.00 WIB
Wonten ing                       : griyo dukhito dukuh Pundungrejo RT 01/02, desa Pundungrejo, Tawangsari, Sukoharjo
Jenasah badhe kasareaken wonten ing Astonoloyo Bumi Arum Semutan, Desa Pundungrejo. Bidal saking griyo dhukito dukuh Pundungrejo RT 01/02 Desa Pundungrejo, Tawangsari, Sukoharjo.
Dinten                               : Jumat Leg
Suryo                                 : 15 Januari 2015
Wanci tabuh                      : 12.00 WIB (Siang)
Mbok bilih rikala sugengipun Almarhum hanggadahi kalepatan dumatheng panjenengan sedaya, para keluarga nyuwun agunging samudra pangapunten. Semanten ugi mbok bilih Almarhum gadhah pepetangan ingkang dereng bundhat kaperengo panjenengan sesambetan kaliyan keluarga tinilar.

Ingkang nandhang dhukito :
1.      Ibu Fulan binti Fulanah (Garwa)
2.      Ibu Fulan binti Fulan bin Adam (Putra)
3.      Bp. Fulan bin Fulan bin Adam (Putra)
Sedoyo wargo ageng dukuh Pundungrejo RT 01/02 Desa Pundungrejo, Tawangsari.